Assalamu'alaikum Sahabat beriman, Ushikum wa Nafsiy ; [1] Bertaqwalah kepada Allah. [2] Dia melihatmu setiap saat. [3] Laksanakan perintah-Nya. [4] Jauhi Larangan-Nya. Kita semua sama kok Cuma Calon Jenazah. Semuanya akan ditinggal kecuali Hasil Usaha Taqwa.

Dumugilah Rosulullah ing Ngarsanipun gusti Allah

Sahabat pemahos SantriLampung ingkang dimulyaake Allah; kanjeng rosulullah saget pirso dateng pengeran ingkang moho suci lan moho luhur, tegesipun boten saget dipun serupa'ake kalihan sifatipun makhluk. 

Lajeng kanjeng rosulullah jungkelake sirahipun mawi sujud, lajeng dipun dawuhi deneng pengeran; He Muhammad!, kanjeng rosulullah matur ; sendiko ngayahi duh pengeran kulo. Dawuh pengeran malih; nuwuno siro!. Pemature rosulullah; nuwun inggih sak estu panjenengan mundut dateng nabi ibrohim minongko kekasih (ibrahim kholilurrohman), lan penjenengan paringi kerajaan ingkang agung, lan panjenengan sampun ngendikani dateng nabi musa mawi pangendikan panjenengan sahinggo kasebat musa kalimullah. Soho nabi dawud sampun panjenengan paringi keraton ingkang ageng lan saget ngelemesake tosan (sejenis logam), lan Ngereh dateng gunung gunung. Panjenengan sampun paring kerajaan ingkang agung dateng nabi sulaiman, panjenengan paringi saget ngerehake jin, menuso lab syaiton, penjenengan nunduk-ake angin dateng nabi sulaiman lan panjenengan paringi kerajaan ingkang boten bade panjenengan paringake dateng tiyang sak bakdanipun. Panjenengan sampun paring ilmu dateng nabi Isa kalihan kitab taurot lan kitab injil. Kanjeng nabi isa panjenengan paringi saget marasake tiyang wuto lan tiyang sakit belang lan saget nggesangake tiyang pejah, sedanten kolowahu pikantuk izin panjenengan. Panjenengan sampun anjagi dateng nabi isa sak ibunipun saking syaiton ingkang kinging laknat, milo syaiton puniko sampun boten angsal mergi kangge angganggu dateng kanjeng nabi isa lan ibunipun.

Lajeng gusti Allah nyembadani pemature Rosululloh mawi pangendiko; Ingsun (Allah) wus mundut seliramu minonko kekasih Allah (Habibulloh). Tembung habib puniko langkung utami tinimbang tembung kholil ingkang dados sebutanipun nabi Ibrohim.

Miturut dawuhipun rawi (periwayat hadits), bileh rosulullah puniko sampun dipun serat (ditulis) dateng kitab taurot mawi sebatan habibulloh. 

Lajengipun Allah dawuh; Lan ingsun wus ngutus marang sliramu Muhammad kanggo menuso kabeh perlu paring bebungah marang wongkang to'at lan meden-medeni marang wong kang ma'siat kanti siksone Allah. Lan ingsun wis jembarake seliramu ono ing dodo iro, ingsun wis ngilangake duso iro (ma'sum), lan ingsun wus ngeluhurake sebutan iro, ingsun ora bakal disebut kejobo seliramu milu disebut bareng sesebutan ingsun, lan ingsun wus dadosake marang umat niro minongko bagus baguse umat kan den lahirake kerono kanggo poro menuso, lan ingsun wus dade'ake umat niro kangge nengah-nengahi poro umat kabeh supoyo podo nekseni marang menuso, lan ingsun wus dade'ake umat niro minongko wong kang paling awal mlebu suwargo lan kang paling bureni ono ing dunyo, lan ingsun wus dade'ake umat iro kang ora keno pitutur sehinggo podo nekseni yen seliramu iku bener bener kawulone ingsun lan utusan ingsun, lan ingsun dade'ake saking umat iro ono golongan kumpulan kang penggalihe golongan mau minongko dadi panggonane ilmu lan hikmah kanggo nyimpen kitab lan dawuh dawuh kang di apalake, lan seliaramu ingsun dade'ake kawitane poro nabi ingdalem kedadiane lan akhire poro nabi ingdalem kautuse, lan kang paling awal poro nabi kang den putusi hisabe. Lan ingsun wus paring marang seliramu ing pitung ayat kan den bolan baleni wacane (surat al fatihah) kang ingsun ora paringake marang nabi sak durunge seliramu, lan ingsun paring marang seliramu pungkasane surat Al Baqoroh minongko gedung simpanan ono ing ngisore Arsy, ingsun ora maringake marang nabi kang sak durunge seliramu, jalaran maknane ayat iku pendungo kang bagus bagus kang sinembadan kelawan keimanan, pengapuran lan kemenangan. Lan ingsun maringi marang seliramu ing telogo kautsar kanggo nginumi umat iro naliko besok podo ngelak, lan ingsun wus paring marang seliramu pitung bagian;

  1. Islam
  2. Hijroh ono ing Madinah
  3. Jihad - Perang perjuangan
  4. Shodaqoh
  5. Puoso Ramadhan
  6. Amar Ma'ruf
  7. Nahyi Munkar

Kabeh iku ganjarane agung banget. Saktemene ingsun ingdalem dinone nitahake langit bumi iku wus merdho'ake ubgatase seliramu sak umat niro supoyo sholat seket (50) wektu. Mulane supoyo siro jumenengake karo ummat niro kabeh. Peritah sholat pertama sebelum dinego berjumlah 50 waktu.

Miturut setunggal ruwayat; Kanjeng Rosulullah dipun paringi kuwajiban ngelampahi sholat gangsal wekdal. Lajengipun dawuh; Lan ingsun wus ngapuro marang ummat iro kang oran nyekutok ake Allah babar pisan, biso selamet saking langgeng ono ing neroko, jalaran mengkunu iku kerusaan kang gedi banget.

Meriki malih nggih... tasih enten kisah negosiasi sholat .... Barokallohu fiy kum.

Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk