Assalamu'alaikum Sahabat beriman

Kanjeng nabi ngambu aroma harum dewi Mashitoh

Saklajengipun perjalanan isro dipun lanjutake, dateng perjalanan kanjeng nabi mambet (mambu) gondo (aroma) ingkang anduk, harum, lajeng kanjeng nabi tangklet; Ya jibril, puniko ambetipun punopo? Utowo aroma wangi puniko aroma punopo?; jawabipun moloikat jibril ; gondo ingkang harum puniko gondonipun jurusurine putero isterine rojo fir'aun lan putro-putronipun.

Ing setunggaling tempo jurusuri (permaisuri) kolowahu yakni Dewi Mashithoh pinuju nyureni (nyisiri) putro putrine rojo fir'aun, dumadan jungkate dawah alias ceblok, lajeng dewi mashithoh nyebut "Bismillah, ciloko fir'aun". Putrine fir'aun krungu banjur tangklet dateng dewi mashitoh; opo siro duweni pengeran sakliyane kanjeng romo fir'aun?, jawabipun mashitoh; hiyo; lajeng putri fir'aun ngucap; opo ingsun aturake kanjeng romo pengucap siro mahu?, dewi mashitoh jawab; hiyo, aturno. Lajeng putri puniko nyariwasake dateng romone, pramilo lajeng rojo fir'aun nimbali dewi mashithoh, laheng dipun cecer; opo siro duweni pengeran sakliyane ingsun? Jawabipun dewi mashitoh; inggih; pengeran kulo ugi pengeran panjenengan inggih puniko Gusti Allah taala. 

Dene dewi mashitoh kolowahu kagungan putro kalih lan suami kakung. Lajeng ditimbali fir'aun sedoyo dipun bujuk supados dewi mashitoh lan suami wangsul saking agominipun tegese ken nyembah fir'aun. Nangin podo bangkang. Milo rojo fir'aun lajeng duko sarono dawuh; ingsun bakal mateni seliramu sekloron. Dewi mashitoh matur; botwn dados punopo, senahoso kulo panjenengan pejahi, manung kawulo nyuwon kesahenan panjenengan  dumateng kawulo menawi panjenengan tego mejahi kawulo sak keluarga, kersoho panjenengan dasosake wonten setunggal geriyo supados penjenengan pendem sareng-sareng. Fir'aun ngendiko; hiyo, ingsun turuti. Jalaran seliramu  wus lumadi marang aku, mulo tumpraping aku, seliramu panci anduweni hak. 

Lajeng fir'aun perintah marang punggawane  supados nyedia-ake jade tembogo ingkang ageng dipun isi lengo zait ingkang dipun umubake lajeng perintah supados dewi mashitoh dipun cemplungake kalihan anak anakipun pisan. Lajeng dipun jegurake setunggal-setunggal, sehinggo arikolo dumawah bayi ingkang tasih suson ngumur pitung wulan, dateng ngriku dewi mashitoh ngerahos kamperatan. Nanging putro alit kolowahu malah saget matur; Duh! Ibu kulo monggo kulo aturi enggal nyemplung, ampun ngantos mundur, namung kronten mikirake dateng kulo. Keranten panjenengan puniko leres-leres netepi agomi ingkang hak. Milo lajeng mantep dipun jegurake sedoyo. Sami pejah syahid. Gindonipun semerbak wangi sehinggo dipun ambu  deneng rosulullah naliko Isro'. 

Dawuhipu. Ingkang ngeriwayatake hadits, bileh lare bayi ingkang saget ngendiko dateng bandulan puniko wonten sekawan ;

  • Bayi putronipun Dewi Mashitoh 
  • Bayi ingkang nyekseni dateng nabi yusuf
  • Bayi ingkang ambelani dateng Kiyahi Juraij
  • Nabi Isa

Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk