Kanjeng Nabi ningali Siksone wong ora zakat lan shodaqoh
Perjalanan Isro' dipun lajengake malih, lajeng kanjeng nabi kepanggih qoum ingkang cawetan, namung ngangge pengangge arupi tambal qubul lan dubur sarono sami mangon kados mangone unto lan mendo. Lan sami madang kajeng eri lan kajeng zaqum soho madang mowone neroko jahanam tuwen watu-watunipun.
Kanjeng nabi tangklet dateng jibril; puniko tiyang tiyang dospundi ya jibril?..; moloikat jibril matur ; mekaten puniko tiyang tiyang ingkang boten purun zakat, boten dugek-ake shodakohe bondo-bondone.
Saestunipun gusti Allah ta'ala boten nganioyo dateng tiyang-tiyang kolowahu babar pisan. Ananging tiyang-tiyangipun piyambak ingkang nganioyo dateng badanipun piyambak. Jalaran bondo puniko peparing saking gusti Allah ingkang kedah ditanja-ake dateng perkawis ingkang dipun perintahake. Tegese enten sebagian saking rezki kito dados hak ipun tiyang lintu ingkang kedah disalurake medal zakat lan shodaqoh.
Saestunipun gusti Allah kuwoso damel dateng sedoyo tiyang saget sugeh, namung kemawon wonten ingkang keparingan sugeh bondo lan wonten ingkang kedamel faqir. Ingkang sedoyo kolowahu supados dados cubo lan ujian dateng umatipun. Ingkang sugeh kersoho shodaqoh supados angsal ganjaran, lajeng ingkang faqir kersoho sabar, kersane angsal ganjaran sabar.
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan