Wong wedok kang sholihah ki [Nganu]

Wes dadi lumrahe wong urip yoiku pingin seneng, pingin iso seneng-seneng. Lumrahe wong iku yen lanang yo pingin iso duwe bojo kang sholihah ugo sewalike yen wedok yo pingin duwe wong lanang kang sholih.
الدّنيا متاع - وخير متاع الدّنيا المرءة الصالحة ... (روه مسلم)
Dunyo iku panggon seneng, sak bagus-baguse kesenengane dunyo, iku wong wedok (istri) ingkang sholihah (riwayat imam Muslim). 

Banjur koyo opo toh rupane cah wedok (istri) ingkang sholihah iku? Emm nganu, nganu niki monggo di woco menowo saget paring manfaat. 

Dunyo iku di damel kalihan Allah panggonane seneng seneng, panggonan seneng seneng ingkang paling bagus yoiku wong wedok kang sholihah. Dadi bedo antarane wong wedok umum karo wong wedok kang sholihah kuwi bedo rosone, angger wedok sholihah iku rosone ono spesiale senajan toh sejatine (Nganune) iku rasane podo.
انما الفرج واحد - الحدث
Saktemene farji iku rosone siji. 
Baca juga :

Banjur tondone wong wedok kang sholihah iku antarane : Tansah bantu wong lanang tegese suamine ingdalem urusan akhirat artine yo kudu ibadah ngelakoni kang dados perintah ipun Allah lan Rosulullah. Pokok saget nyontoh sayidah Fatimah utowo sayidah Khodijah utowo sayidah Aisyah niku pun sip.

Banjur taat yen diperintah wong lanang tegese ora ambantah perintahe wong lanang, ning wong wedok yo kudu cerdas, artine kudu ningali perintahe, selagi perintahe iku bagus ora maksiat yo kudu taat. 

Banjur wong wedok ingkang sholihah iku yen disawang utowo didelok wong lanang tegese bojone tansah nyenengno, pacak-ane ki yo ayu, tur ayune ki mung kangge bojone emh emh..., pakeane yo rapi tegese panggah nutupi aurot senajan toh ono jero omah, mergo iso wahe sewayah wayah ono dayoh utowo tamu. Nah nak nang jeron kamar orang nganu ora popo, opo maneh wayahe nyukani jatah tambah ora masalah selagine ora ono halangan syari'ah.

Banjur yen disumpahi wong lanang tansah ambagusake, tegese nglurusake utowo paring nasihat yen ucapane iku ora apik, namine tiang kesel niku kadang ora kontrol. Yen ditinggal lelungan bojo kudu iso ngrekso anjogo awak-e tegese kehormatane jelase maneh aurot sak guwo garbane. Lan wong wedok kang sholihah iku yo kudu iso noto artone bojone, tegese iso belonjo kanti bijak saget ambedakno antarane kebutuhan kang pokok lan kang ora pokok.
image_title
Pasang Iklan
Print Friendly and PDF

Mau donasi lewat mana?

Mandiri a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (90000-4648-1967)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Blogger and WriterCreator Lampung yang masih harus banyak belajar.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK Mandiri 9000046481967
an.Kholil Khoirul Muluk