Antarane Ngumpulake Bondo lan Nasarufke Bondo

Sahabat pemahos SantriLampung ingkang dimulyaake kalihan Allah; Ono ing suwiji hadits kanjeng nabi nate dawuh ingkang nerangake perkoro kang bakal tumempel marang wong sing seneng lumpuk lumpuk bondo dunyo lan wong sing seneng nasarufke dunyane ;

"Saktemene seneng ngelumpukke bondo dunyo iku anduweni 5 sifat tercela tur bakal dicela ingkang bakal tumempel ;

  1. Awake dadi ino, rendah lan susah payah ngelumpukke bondo
  2. Kilangan wektu kangge dzikir iling marang pengeran kerono sibuk ngurus bondo
  3. Wedi karo maling ngalahi wedine marang Gusti pengeran
  4. Kerep intuk gelar bakhil, kikir, lan medit.
  5. Adoh seko wong wong shalih kerono sibuk dadi budak bondo dunyo.

Sewalike sopo wonge seneng nasarufke bondone gawe kesahenan iku bakal tumempel 5 perkoro sifat terpuji tur bakal dipuji.

  1. Tentren ayem rogo la manah, ugo sukmanipun saking rekosoni mados bondo
  2. Nggadahi wekdal katah damel dzikir iling Allah taala
  3. Ngeroso aman, ora kuwatir marang begal, rampok lan maling.
  4. Patut nanpi gelar Al Karim (dermawan) ing ngarsane Allah ingkang moho kuoso
  5. Saget kumpul bergaul kalih tiang tiang shalih kerono tebih kalih umuk bondo dunyo."

Ahli sastra ngendiko ; "Dermawan utowo gampang aweh bakal ditresnani kalihan lawan lawane, sedangkan bakhil pelit saget nyebab-ake disengit marang anak anak ipun."

Barokallohu fiy kum ... generasi ahli syurga ....


Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk