Assalamu'alaikum Sahabat beriman

Kanjeng nabi dumugi dateng Baitul Maqdis

Sahabat pemahos SantriLampung ingkang dipun mulya'ake kalihan Allah taala; Sak sampunipun mirsani segala macam peristiwa ing perjalanan Isro, dumugilah kanjeng nabi dateng Baitul Maqdis (filistin/palestina). Perjalanan saking masjidil harom dumugi masjidil aqso dipun arani perjalanan Isro'. 

Ing baitul maqdis kanjeng nabi mlebet mewes pintu jurusan yaman lajeng madak saking buroq, lajeng buroq ipun dipun cancang dateng pintu masjid. Wonten panggenan bolongan ingkang sampun kulino dipun ginaake  nyancang buroq deneng poro nabi-nabi sak derengipun.

Setengahipun riwayat; moloikat jibril mundut selo ageng dipun lubangi ngangge derijinipun. Lajeng kaginaake kangge panggenan nyancang buroq.

Kanjeng nabi terus mlebet masjid saking pintu ingkang kasinaran serngenge lan rembulan (ono sisih wetan) selajengipun kanjeng nabi soho moloikat jibril sami sholat kalih rokaat-kalih rokaat.

Boten antawis dangu sampun katingal ngelempak manuso ingkang katah. Pramilo kanjeng nabi pirso sedoyo poro nabi, ing ngriku wonten ingkang nembe sholat jumeneng lan wonten ingkang ruku' lan wontwn ibgkang sampun sujud.

Sak sampunipun ba'da sholat, lajeng wonten tiyang adzan terus iqomah, lajeng sami jumeneng baris-baris. Ing ngriku tasih sami ngerantos dateng ingkang bade ngimami. Lajeng moloikat jibril nggandeng astonipun kanjeng nabi sarono dipun ajo'ake damel ngimami sholat. Pramilo kanjeng nabi lajeng sholat sareng-sareng tiyang katah kalih rokaat.

Miturut hadits riwayatipun ka'ab; moloikat jibril ingkang adzan, lajeng moloikat sami turun saking langit. Soho gusti Allah taala ngelempaake sedoyo poro utusan lan poro nabi perlu hormat kanjeng nabi Muhammad. Lajeng kanjeng nabi nindaake sholat sareng poro moloikat lan poro nabi. Cariwis puniko nedahake bilih kanjeng nabi muhammad puniko dados pimpinanipun poro nabi lan poro rosul.

Sak sampunipun bubar sholat; jibril tangklet dateng kanjeng nabi; He Muhammad; punopo panjenengan mangertos sinten kemawon ingkang sholat sak wingkinge panjenengan kolowahu ?; kanjeng nabi mangsuli; kulo boten mangertos; pemature moloikat jibril; sedoyo kolowahu inggih puniko poro nabi ingkang sampun dipun utus Allah taala.

Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk