Kawitan sak derenge Isra' Mi'raj
Dodo Nabi di belah
Pemahos SantriLampung ingkang dirahmati Allah ing wekdal meniko kulo bade nyeritaake peristiwa Kawitan Sak derenge Isro' Mi'roj; setunggaling tempo tepate malem senin 27 rajab tahun 11 bi'tsah sak ba'danipun wafate Abu Tholib lan Sayidah Khodijah, panjenganipun Rosulullah pinuju sesarean miring dateng hijir ismail wonten caketipun ka'bah manggen antawisipun tiang kakung kalih yakni sayidina hamzah pamanipun lan sayidina ja'far putro pamanipun, dumadan wonten moloikat Jibril rawuh kalihan moloikat mika'il soho wonten setunggal malih moloikat inggih meniko moloikat Isrofil lajeng sami ambopong kanjeng nabi kabekto wonten sumur zam-zam, lajeng kanjeng nabi dipun lumahake. Wondene acara puniko dipun pimpin deneng moloikat jibril. Setengahipun riwayat Rosulullah dawuh : naliko ingsun ono ingdaleme siti ummi halni' ketingal payone omah kebuka nuli ono moloikat Jibril temurun.
Sak lajengipun kanjeng nabi dipun bedah dodonipun awit saking tengkuk gulu dumugi madaran ngisore ati. Moloikat jibril andawuhi dateng moloikat mikail : "ingsun pundutake banyu zamzam sak bokor kangge nuceni penggalihe kanjeng nabi lan supoyo biso jembar dodone, Lajeng moloikat jibril medalake jantung manahipun kanjeng nabi, dipun wasuhi ngantos ambal kaping tigo soho ngilangake reget-reget ipun ingkang wonten manah kados sifat ujub, riya', kibr lan hasud". ngantos moloikat mikail anggenipun mundut tuyo wonten tigang bokor. Sak lajengipun moloikat jibril dipun aturi bokor emas ingkang isinipun kebak hikmah lan iman lajeng di pun sok-ake wonten dodonipun kanjeng nabi soho dipun penuhi kalihan sifat aris, ilmu yaqin lan Islam. Sak mantunipun lajeng dipun tungkeb dodonipun kanjeng nabi kados asalipun malih. Lajeng kanjeng nabi puniko dipun cap antawisipin welikat kalih kelawan cap kenabian.
Hikmah saking kisah meniko dados ibroh (pelajaran) dateng tiyang ingkang bade sholat supados sesuci lahir batin rumiyen tegesipun wudhu soho ngilangake reregetipun ati kados sifat drengki, hasud lan lian lianipun.
Sejarah Sumur Zamzam
Sumur Zam-zam puniko wujudipun zaman nabiyulloh Ibrohim alaihissalam. Asalipun tanah makkah puniko padang pasir ingkang gung liwang-liwung. Boten wonten penduduk. Sak sampunipun nabi Ibrohim ingkang jumeneng wonten palestin kagungan putro setunggal ingkang nembe ngelahirake deneng garwonipun ingkang asmo siti hajar. Lajeng kautus deneng gusti Alloh taala supados hijrah dateng jurange tanah hijaz kalihan siti hajar lan putronipun ingkan asmo Ismail. Sak sampunipun rawuh dateng panggenan puniko, nabi Ibrohim kundur nilarake siti hajar kalihan putronipun Ismail sarono namung ngasto kurmo setunggal keso. Sinareng ambektaake tuyo kangge ngunjuk, siti hajar ngupados dateng sofa dumugi marwah bok menawi wonten tiyang ingkang langkung mawi ngasto tuyo.
Nanging kapirsan, putronipun muwun, pramilo siti hajar wangsul nuweni putronipun ingkang sanget ngorongipun. Lajeng kesah malih ngantos wongsal-wangsul kaping pitu. Dumada'an mirsabi wonten sumberan tuyo ingkang ageng sanget. (Moloikat jibril niba'ake suwiwine). Pramilo siti hajar dedawuhan Zamzam! (Manpeto! Nyumbere sitik sitik).
Sejarah Baitil Hijr
Sak sampunipun nabi Ismail dewasa, lajeng nabi Ibrohim kautus jenengake panggenan ibadah dateng mekah kalihan bantuanipun nabi Ismail. Lajeng pikantuk pitulung saking Allah rupi sela ingkang saget minggah lan mandap pyamba'. Inggih meniko ingkang kawestanan Hijir Isma'il. Saklajengipun
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan