Kanjeng nabi pinarak shalat teng bukit Thursina
Sahabat santrilampung ingkang dipun rahmati Allah; ing wekdal puniko kulo bade ngelajengake artikel sak derengipun.
Sak sampunipun kanjeng nabi pinarak teng negeri madyan lajeng berangkat malih nitih burok. Ing ngriku moloikat jibril matur malih ; kulo aturi liren mandap sholat dateng ngriki, lajeng kanjeng nabi nindaake sholat kalih rokaat malih.
Lajeng nitih burok malih. Moloikat jibril matur; punopo panjenengan perso panggenan sholat kolowahu?; kanjeng nabi mangsuli; boten ngartos; moloikat jibril matur; panjenengan kolowahu sholat dateng redi utowo gunung tursina, panggenanipun gusti Allah ta'ala paring dawuh dateng kanjeng nabi musa alaihissalam.
Hikmah ; Kanjeng nabi sholat dateng bukit Thursina puniko ngemot dateng panggenan Allah andawuhi nabi musa ugi dadi sejarah pengangkatan nabi musa dados utusan kang nampi kitab Taurot. Lan peristiwa punniko dados bukti keagunganipun Allah ta'ala.
Asal usul Bukit Thursina
Kedatenganipun nabi musa wonten ing negri madyan puniko hidmat dateng nabi syuaib sedoso tahun. Sak sampunipun dinikahake kalihan putri kalihipun nabi syuaib, lajeng dipun ajak ziyaroh dateng ibunipun ingkang katilaran wonten mesir. Kawuningano dateng tengahipun perjalanan, panjenganipun nabi musa kalihan garwonipun soho pinten pinten hayawan mendo ingkang katah sanget, wekdal dalu howo asref, oboripun mati, ing ngriku nabi musa ningali wonten padang padang ing nginggil gunung. Pramilo pamit dateng estrinipun bade ngupados geni. Kucapo ing ngriku panjenenganipun midanget dawuhipun gusti Allah taala ingkang nedahake. Bileh panjenenganipun sak mangke dipun angkat dados utusann supados nampi wahyu, ngelawan dateng dzolime rojo fir'aun lan supados dakwah tauhid dateng qoumipun. Pramilo jurangipun redi (bukit) kolowahu dipun sebat panggenan ingkang kasuci'ake, inggih puniko gunung utowo bukit thursina ingkang sak mangke dipun sebat sina.
Selajengipun berangkat dateng negri mesir nyuwon bantuan sederek-ipun ingkabg asmo nabi harun lan akhhiripun ugi dipun angkat utusan deneng Allah soho malih nabi musa katimbalan nampi kitab Taurot inggih supados munajat dateng Thursina ngantos sekawandoso dinten.
Barokallahu fiy kum... panggih malih dateng kisah saklajengipun...
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan