Assalamu'alaikum Sahabat beriman

Kajeng Nabi Shalat teng Negeri Madyan

Sahabat santrilampung ingkang dirahmati Allah; ngelajengake artkel sakderengipun ...

Rosulullah mampir Sholat teng Negeri Madyan

Lajeng burok kolowahu berangkat malih ambekto nyander dateng kanjeng nabi sarono jangkahipun setunggal pendeleng tebihipun. Cepetipun kados angin utowo kilat ingkang nyamber. Ing ngriku moloikat jibril matur ; monggo kendel mandap supados panjenengan sholat dateng ngriku. Pramilo kanjeng nabi lajeng sholat kalih rakaat, lajeng nitih buroq malih. Moloikat jibril tangklet; punopo panjenengan perso dateng pundi panjenengan sholat kolowahu?; kanjeng nabi mangsuli; Boten mangertos. Moloikat jibril matur, panjenengan sholat kolowahu dateng negeri madyan panggenanipun syajaroh musa.

Syajaroh Musa

Naliko nabi Musa bade ditankep deneng romo angakatipun yakni rojo firaun jalaran panjenenganipun nabi musa mateni tiang bongso kibtiy ingkang dzalim. Tukar padu kalihan tiang bani Israil bongsonipun nabi musa. Lajeng nabi musa kesah saking negeri mesir, melampah ngantos pinten pinten dinten. Sehinggo naliko ngerahos sanget payahipun. Nabi Musa kendel dateng ngandapipun kajeng sarono kalihan munajah dateng ngarso dalem Allah mawi dedungo. Ing ngriku panjenenganipun pikantuk pitulungipun Allah taala saget pepanggihan nabi Syu'aib ingkang akhiripun dipun pundut mantu. Pramilo kajeng kolowahu dipun juluki Syajaroh Musa.

Hikmah ; Kanjeng nabi sholat dateng negeri madyan puniko supados ngemot dateng panggenan ingkang dados sejarah perjuangan soho tabaruk dateng panggenanipun munajah nabi Musa ingkang pikantuk pitulung saking gusti Allah taala. Soho nget-nget dateng jasanipun tiyang ingkang shalih merjuangake keleresan. Sehinggo saget wilujeng saking penganiayaanipun rojo fir'aun.

***

Barokallahu fiy kum... panggih malih ing kisah saklajengipun...

Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk