Kanjeng nabi pinarak sholat teng Yatsrib Madinah
Sahabat santrilampung ingkang dipun rahmati Allah; ing wekdal puniko kulo bade ngelajengake artikel sakderenge ;
Sak sampunipun kanjeng nabi dipun paringi cap kenabian. Lajeng dipun cahosi titihan buroq ingkang dipun pakehi seleberak saking mutioro ijo lan dipun kendaleni ngangge kendali saking inten abrit. Dene buroq puniko setunggaling hayawan ingkang rupinipun petak. Dedekipun inggil ngungkuli khimar (jaran alit) lan ngandapipun bighol. Jangkahipun ngantos dumugi panggenan tutuke paningalipun kanti ngobah ngobahake telinganipun. Menawi minggah gunung suku ingkang wingking modot panjang, lajeng menawi mandap suku ngajeng modot, milo melampahipun tansah roto terus (stabil).
Burok meniko anggadahi suwiwi kalih manggen dateng pupu kalihipun, saperlu ambantu dateng sukunipun supados saget mluncat. Pramilo arikolo nembe dateng ngersanipun kanjeng nabi, piyambake ngetingalake kekisaanipun. Lajeng nyender nyender sarono lelayu. Lajeng moloikat jibril nyelap astonipun dateng surine buroq kolo wahu kalihan dawuh : He burok opoto seliramu ora malu? Demi Allah, seliramu durung pernah di titihi makluk kan luwih utomo mungguhe Allah taala tinimbang kanjeng nabi Muhammad iku. Pramilo lajeng katingal wirang ngantos gobyos keringetipun lan anteng sehinggo dipun titihi kanjeng nabi. Dene sedoyo poro nabi puniko nate nitihi burok sederengipun kanjeng nabi Muhammad.
Sa'id bin Musayib lan liyan liyane dawuh ; Burok puniko titihanipun nabi ibrohim ingkang dipun nggunaake titihan dateng baitul harom saking negoro sam perlu ziyaroh dateng siti hajar lan nabi Isma'il.
Lajeng buroq kolowahu berangkat dipun titihi kanjeng nabi kaliyan moloikat jibril ingkang dateng sisihipun ingkang tengen soho moloikat mika'il ingkang sisih kiwonipun.
Menggah riwayatipun ibnu sya'din, ingkang nyepengi aba aba inggih puniko moloikat jibril soho ingkang nyepeng kendalinipun inggih puniko moloikat mikail, lajeng melampah terus sehinggo dumugi tanah ingkang wonten kurmonipun. Moloikat jibril matur ; kulo aturi leren mandap supados panjenengan sholat dateng ngeriki, milo kanjeng nabi muhammad lajeng mandap soho sholat kalih rokaat. Sak sampunipun lajeng nitih buroq malih. Ing ngeriku panjenengane moloikat jibril tanglet : punopo penjenengan perso dateng pundi panjenengan sholat kolowahu?, kanjeng nabi mangsuli, boten ngertos. Moloikat jibril matur : panggenan ingkang kangge sholat kolowahu dusun thoyibah deso kang bagus jalaran biso dadekake kemajuane agomo Islam ingkang panjenengan ugi bade hijrah dateng panggenan kolowahu.
Tanbih : Dene punopo kanjeng nabi boten tangklet dateng moloikat jibril, nanging namung ngerantos punopo ingkang kautarake deneng moloikat jibril. Kisah puniko ngemotake dateng umat Islam sampun boten perayogi nangkletake perkawis ingkang sampun dipun wajibake deneng agomi dateng bab ubudiyah.
Dene dusun thoyibah puniko sak sampunipun kanjeng nabi hijrah dateng puniko panggenan, kalih tahun ba'danipun isro'. Lajeng dipun asmani Al Madinah Al Munawaroh. Soho jenengake masjid ingkang jejuluk Masjid Nabawi. Dawuhipun kanjeng nabi : sholat ing malem isro'ipun wonten puniko madinah melebet wilangan tanah harom sami kaliyan mekah lan baitul maqdis.
Barokallahu fiy kum... sampai di kisah selanjutnya...
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan