Sopo wae ora oleh lali 3 perkoro iki
Pemahos SantriLampung ingkang dimulya'aken kalihan gusti Allah; Ing wekdal meniko kulo bade paring wasiat kanggene kulo, kaluwargi ugi sedanten ingkang pinarak mahos wonten ing beranda SantriLampung.
Wasiat ingkang kawitan inggih meniko "Cung! Ampun liren luru utowo golek "derajat taqwa" kanti hasil. tegese umurmu gaweo nindakke perintah Allah lan nebihi laranganipun tumekaning mati. Ampun liren, ojo waleh, ampun bosen, pisan pisan ampun nganti awakmu pejah/mati kecuali ingdalem keadaan Islam."
Wasiat ingkang kaping kalih, Cung! Urip ampun kesupen 3 perkoro niki, pokok kudu di iling-iling kersane laku urip lempeng (fokus marang paran) ;
- Wong urip iku bakale mati (kudu ora iso ora). Ora enek wong urip iku sing gak. ngalami mati.
- Dunyo iku duduk panggon liren tur yo ora ono panggonan kanggo liren, umur panggah melaku tanpo kenal liren. Umur ditinggal turu yo panggah melaku. Pramilo piye carane kabeh waktu iku isoho cung di manfaatake gawe golek sangu sak bare mati.
- Ono ing dunyo siro ojo ngimpi iso selamet seko cocote tonggo.
Cung! Awakmu urip nang dunyo iki oleh duwe ambisi sing sundul langit, arep dadi wong paling sugih, monggo, wong paling kuat, wong paling hebat, sumonggo kerso; ning ojo lali nomor siji. Sak sugih sugihmu cung, sak kuat lan sak hebatmu cung, awakmu bakale mati, upomo uripmu ora di gawe nindak-ake wajib taqwa moko nasib derajatmu sakbare mati plek-ketiplek podo karo Tai sing dipendem nang lemah.
Dunyo iku panggone wong berkegiatan memanfaatkan kesempatan (umur) kangge taat dateng pengeran ora eneng istilah liren. Nyantai utowo tura turu sing mbok arani liren kui cung iku dudu liren krono nang dunyo ora ono panggon gawe liren.
Cung-cung, urip ono dunyo ojo siro arep-arep aman saking omongane tonggo. Perkoro apik sering dadi omongan tonggo nopo malih perkoro ingkang olo. Yo wis ngunu iku urip nang dunyo lan "kudu siap" tegese ojo rusak tatanan niat ibadah krono cocot. Pokok urip ora usah mikiri cocote tonggo, fokus taat wae karo kang kuoso. Urip kudu fokus dateng tujuan ingkang sampun dodos kewajiban saking pengeran, selagine siro urip ora aneh-aneh anteng wae. Upomo siro pancen emas di glepoti karo opo wae bakal panggaho emas.
Wong urip mung arep mati. Bioso wae ora usah bangga karo perkoro sing tumempel sak untoro koyoto apike rupo, kadigjayaan lan bondo. Kabeh mau mung bakal ditinggal lungo. Kemuliaane menuso kang sejati iku cung tembe ketoro sak bare mati.
Matursembah nuwun sampun pinarak mahos, mugi kulo ugi panjenengan sedanten Allah dadosake Ahli suwargi ingkang bebas hisab lan tanpo syarat kelawak rahmatipun Allah ingkang jembar. Aamiiin.
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan