Kanjeng nabi di kengken milih pilihan kalihan Jibril
Tasih ingdalem peristiwa dateng masjidl aqso utowo baitul maqdis. Kanjeng nabi ngerahos sanget ngorongipun (kajeng nabi ngelak), pramilo jibril inggal rawuh ngasto setunggal wadah sakingbarak tuwen puwan (susu) setunggal wadah, lajeng kanjeng nabi ingkang puwanipun. Moloikat jibril matur; leres panjenengan milih kedadosan (puwan puniko perkawis ingkang nuwuhake dados daging soho ngiyatake tulang). Kok upami panjenengan milih arak, temtu umat panjenengan dados sami lacut, boten sami miderek dateng panjenengan kejawi namung sekedik.
Wonten setunggal riwayat; bileh wadah kolowahu wonten tigo, dene ingkang nomer tigo isinipun tuyo. Soho bileh moloikat jibril matur mekaten; lamun kok panjenengan ngunjuk tuyonipun temtu unat panjenengan benjang sami kErem tegese kErem ono ing kesenengan dunyo lan maksiat.
Wonten riwayat malih ; bileh wadah ingkang dipun aturake kanjeng nabi puniko ingkang nomer tigo arupi madu ingkang minongko gantos tuyo. Ing ngriku kanjeng nabi mirsani wonten katah widodari saking langit ingkang belolo' nEtronipun. Sami pinarak dateng sisih kiwonipun watu kemeloso. Lajeng kanjeng nabi uluk salam dateng widodari koloqahu. Lajeng sami mangsuli; wa alaihissalam. Kanjeng nabi pitaken; ugi dipun wangsuli kanti nglega-ake penggalihipun.
Miturut setengahipun riwayat ; kanjeng nabi tangklet mekaten; sopo kang bakal mundut garwo marang sliramu kabeh? Jawabipun widodari ; kito puniko calon garwonipun umatbpanjenengan ingkang sami ngamal sholih lan ahli tobat.
Barokallohu fiy kum... panggih malih nggih dateng mriki; pokok kulo dongakkan semoga alhi syurga beserta keluarga... sat set sat set gak pakai ribet. Amiin.
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan