Assalamu'alaikum Sahabat beriman

Kanjeng nabi dumugi ing lagit Dinah

Sahabat Pemahos SantriLampung ingkang dipun mulyaake Allah; Sinareng dumugi langit puniko lajeng moloikat jibril nyuwon kabika ipun lawang langit ingkang dipun jagi deneng moloikat. 

Dipun riwayatake dateng khobar ingkang masyhur bileh gusti Allah arikolo ngersaake andamel langit lan bumi puniko awalipun nitahake jauharoh lajeng dipun pirsani mawi haibahipun, lajeng dados tuyo sak sampunipun dipun pirsani malih, lajeng umub, minggggah medal untuk-ipunkalihan kukus. Lajeng untu' kolowahu katitahake dados bumi, kukusipun dados langit pitu. Dene asmone langit inggih puniko ;

  • Langit Dinah (ديناح)
  • Langit Diqo (ديقا)
  • Langit Roqii' (رقيع)
  • Langit Failuh (فيلوه) 
  • Langit Thofthof (طفطاف) 
  • Langit Samsaq (سمساق) 
  • Langit Ashafa'il (أسحافائيل)

Antawisipun langit setunggal kalihan setunggalipun puniko lampahan gangsalatus (500) tahun. Wondene rupinipun ingkang seppindah kados wesi / tosan. Ingkang kaping kallih kados wernine tembogo, ingkang kaping tigo kados tawas, ingkang kaping sekawan kados seloko putih, ingkang kaping gangsal kados emas, ingkang kaping nenem saking yaqut werni abang, ingkang kaping pitu saking inten werni putih.

Sederenge moloikat jibril lan kanjeng rosulillah dipun bika'ake lanwangipun langit, ing ngriku wonten pitakon; sinten puniko?; jibril jawab; kulo moloikat jibril; kalih sinten?; wangsulipun jibril; kalihan kanjeng nabi Muhammad. Dipun tangkleti malih; punopo sampun pikantuk utusan?; jibril jawab; inggih. Lajeng disambut kanti ucapan ; marhaban bih wa ahlan, kalih dunga'ake kanjeng nabi lan ngalem alem sarono dipun buka lawang langit puniko. Lajeng kanjeng nabi mlebet.

__ Soal jawab mekaten puniko ugi sak terusipun dumuhi langit sap pitu.


Barokallohu fiy kum... mriki malih nggih... tabarukan kanti mahos sejarah...

Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk