Assalamu'alaikum Sahabat beriman, Ushikum wa Nafsiy ; [1] Bertaqwalah kepada Allah. [2] Dia melihatmu setiap saat. [3] Laksanakan perintah-Nya. [4] Jauhi Larangan-Nya. Kita semua sama kok Cuma Calon Jenazah. Semuanya akan ditinggal kecuali Hasil Usaha Taqwa.

Kanjeng nabi dumugi ing langit Ashafa'il panggih Nabi Ibrohim Al Kholil

Sak sampunipun cekap dateng langit Samsaq , lajeng kanjeng nabi soho moloikat jibril minggah mi'roj malih dateng langit ingkang kaping pitu naminipun Ashafa'il (أسحفائيل). Lajeng jibril nutuk/ngetuk pintu langit, ing ngriku ugi pikantuk pitakon saking moloikat penjogo langit, sak sampunipun cekap, lajeng dipun bagi-ake lan dipun sembat mawi rerobo lan pendungo sehinggo dipun buka'ake pintu soho dipun aturi sami mlebet.

Sinareng kanjeng nabi lan moloikat jibril sampun mlebet, ing ngriku pinanggih nabi Ibrohim (Kholil / Kholilurrohman) panjenenganipun pinarak wonten ing caketipun pintu suwargo, dateng kursi emas, sarono senden dateng baitul makmur, kempal kalihan golongane qoum-ipun. Kanjeng rosulullah uluk salam dateng nabi Ibrohim, lajeng dipun jawabi lan dawuh; marhaban bil ibni sholih wa nabiyyi sholih, lajeng nabi ibrohim ngaturi pirso dateng rosulullah mekaten; panjenengan kersoho perintah dateng umat panjenengan supados ngatah-ngatahake damel taneman suwargo, keronten tanah suwargo puniko sahe, buminipun sanget jembar. Kanjeng rosulullah mundut pirso; punopo taneman suwargo puniko?;  Ibrohim Al Kholil dawuh; inggih puniko kalimat Laa haula wala quwwata illa billahil 'aliyil adzim.

Wonten setunggal riwayat ; dawuhipun nabi Ibrohim mekaten ; panjenengan kulo aturi ngaturake salam kulo dateng ummate panjenengan, soho kulo aturi paring cariwes (cerito) dateng ummat panjenengan, bilih suwargo puniko tahanipun sahe, lan asrep tuyonipun, pramilo sanget subur kangge nanem taneman. Dene tanemanipun inggih puniko mahos kalimat; Shubhanalloh wal hamdulillah walaa ilaaha illalloh wallohu akbar.

---- Lajeng poro ulama ingkang arif billah; anggabungake kalimat kalimat kolowahu damel dzikiran dados setunggal; Shubhanalloh wal hamdulillah walaa ilaaha illalloh wallohu akbar wa laa haula wala quwwata illa billahil 'aliyil adzim. Ingkang sering kulo panjenenagan sami ucapake nalikane dzikiran utowo tahlilan, lha nikulah sejarah sakralipun dzikiran kalimat kolowahu.

Barokallohu fiy kum... mriki malih nggih... dereng cekap niki....



Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk