Kanjeng nabi dumugi ing langit Diqo
Sak sampunipun dumugi langit sap pertama panggih nabi Adam ugi ningali pinten pinten siksone umat kang duroko, lajeng kanjeng nabi minggah mi'roj malih dateng langit sap kalih langit Diqo (ديقا), dumadaan ing ngriku kepanggih kalihan nabi kekalih ingkang kapernah putro bibik ipun atawi anak dulur sekalian. Inggih puniko nabi Isa bin Maryam lan nabi Yahya bin Zakariya, jalaran ibunipun nabi yahya puniko sederek ipun siti Maryam, ingkang sami pinarak dateng ranjam mutioro. Denen perahuponipun ketingal serupi kalihan penganggenipun lan ugi dateng rekmanipun, soho malih sami sami sesarengan pekempalan kaliyan qoumipun piyambak piyambak. Wondene nabi Isa puniko sedengan dedek ipun lan ugi mejono pawak'anipun, kulitipun putih semu abrit, lurus rekmanipun kados dene tiyang ingkang nembe mayos saking pasiraman. Dene menggah emperipun kados kiyahi 'Urwah bin Mas'ud Asyaqofi.
Lajeng kanjeng nabi uluk salam dateng nabi adam lan ugi dipu jawab; alaihissalam kalihan dipun tambah marhaban bil ibni sholih wa nabiyyi sholih, soho sami dunga'ake dateng kesahenan.
Dene punopo dateng riwayat puniko kanjeng rosulullah saget nyifati dateng nabi Isa, keronten nabi Isa puniko tasih rupi menuso biasa, jalaran minggahipun dateng langit puniko kalliyan jasadipun. Pramilo kanjeng rosulullah inggih boten tangklet malih dateng moloikat jibril. Keronten ugi sampun ba'do kepanggih dateng masjidil aqso mawi arupi ingkang tetep biasa. Semonten ugi dateng nabi yahya senahoso arupi makhluk alam malakut, ugi sampun dipun mangertosi deneng kanjeng rosulullah jalaran kempalipun kallihan nabi Isa arikolo wonten masjidil aqso.
Barokallohu fiy kum...
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan