Assalamu'alaikum Sahabat beriman, Ushikum wa Nafsiy ; [1] Bertaqwalah kepada Allah. [2] Dia melihatmu setiap saat. [3] Laksanakan perintah-Nya. [4] Jauhi Larangan-Nya. Kita semua sama kok Cuma Calon Jenazah. Semuanya akan ditinggal kecuali Hasil Usaha Taqwa.

Kanjeng nabi dumugi ing langit Failuh

Sak sampunipun panggih kalihan nabi Yusuf teng langit kaping tigo lajeng kanjeng nabi minggah mi'roj malih kalihan moloikat jibril dumugi langit ingkang kaping sekawan ingkang naminipun Failuh (فيلوح), Pramilo moloikat jibril mureh dipun bika'ake pintunipun. Ing ngriku wonten pitakenan saking moloikat ingkang jagi langit. sinten puniko?; jibril jawab; kulo moloikat jibril; kalih sinten?; wangsulipun jibril; kalihan kanjeng nabi Muhammad. Dipun tangkleti malih; punopo sampun pikantuk utusan?; jibril jawab; inggih. Lajeng disambut kanti ucapan ; marhaban bih wa ahlan ila akhir, kalih dunga'ake kanjeng nabi lan ngalem alem sarono dipun buka lawang langit ingkang kaping sekawan. 

Sinareng panjenenganipun kanjeng nabi lan moloikat jibril mblebet, dumadaan kepanggih nabi Idris ingkang sampun dipun angkat deneng Allah taala wonten panggenan ingkang luhur, lajeng kanjeng nabi uluk salam dateng nabi Idris, lajeng dipun jawab soho dipun dunga'ake kanti sahe.

Hikayah Nabi Idris

Dipun riwayatake bileh kanjeng nabi Idris puniko wekdalipun tansah dipun ginaake damel ngibadah, wekdal siang kangge poso tuwen sholat, menawi dalu tansah sholat, dzikir tuwen deres mushafipun nabi Idris.

Cinarito ing setunggaling tempo moloikat ingkang sanget keparekipun inggih puniko moloikat jogo suryo (matahari), nyuwon dateng nabi Idris suoadoa dungaake dateng Allah taala, kersoho ngeringanake dateng amperatipun nyonggo dateng suryo. Lajeng nabi Idris dedungo lan dipun sembadani deneng Allah taala sehinggo leres pinaringan ringan anggenipun jagi suryo kolowahu.

Pramilo panjenenganipun nabi Idris lajeng nyuwon dateng moloikat penjogo suryo kolowahu supados ambekto nabi Idris minggah dateng langit. Sinareng sampun dumugi langit nyuwun izin dateng Allah taala bade mlebet suwargo, lajeng dawuhipun gusti Allah; Ora ono wong kang biso mlebu suwargo kejobo wong kang wus mati. Pramilo nabi idris nyuwon dipun pejahi. Lajeng moloikat izroil dipun timbali deneng Allah perlu mundut ruhipun nabii Idris, lajeng dipun gesangake malih. Lajeng nyuwon dipun pirsa'ake neroko sisan. Lan ugi sampun langkung dumugi neroko. Sak sampunipun lajeng dipun dawuhi supados medal saking suwargo, nanging nabi Idris boten kerso medal. Jalaran alasanipun sampun nate pejah sampun cocok kalian dawuh ; kullu nafsin dzaa-iqotul mauts, lan sampun ngelangkungi neroko, cocok kalihan dawuh ; wa inna minkum illa wariduha, sampun mlebet suwargo puniko mestinipun selamine,  keronten dawuhipun Allah; Kholidiina fiiha. Pramilo gusti Allah lajeng paring izin manggen dateng suwargo, soho dipun dawuhake ; warofa'nahu makanan 'aliya, tegese dipun angkat sak jasadipun kados nabi Isa, namung kemawon nabi Idris ba'da dipun cabut ruhipun.

Barokallohu fiy kum ...


Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk