Kanjeng nabi dumugi langit Samsaq
Saking langit Thofthof lajeng kanjeng nabi kalihan moloikat jibril minggah malih wonten langit sap kaping nenem inggih puniko langit Samsaq (سمساق), moloikat jibril nyuwon dipun buka'ake pintu. Tengriku ugi pikantuk pinten pinten pitakon kados nalikane bade mlebet langit sak derengipun.
Tindak ipun kanjeng nabi Muhammad ing Samsaq pinanggihan pinten pinten nabi ingkang sedoyo kolowahu kagungan papantan piyambak piyambak lan ugi pinanggih pinten pinten poro nabi ingkang boten anggadahi qoum babar pisan. Wonten ingkang namung piyamba'an wonten ingkang sami kempal kalihah poro nabi katah.
Lajeng tindak malih ing ngriku mirsani gerombolan ingkang sanget ageng sehinggo ngbaki pejajahan. Kanjeng nabi mundut pirso; sinten golongan puniko?, ing ngriku dipun aturake; puniko nabi musa kalihan qoum ipun. Nanging panjenengan kulo aturi noleh menginggil, sinareng nginggilake sirahipun, dumadaan pirso gerombolan ingkang ageng sanget ingkang ketingal gebaki pejajahan saking arah ngriko lan arah ngriki, lajeng dipun aturake; mekaten puniko sedoyo umat panjenengan. Dene senesipun kolowahu wonteng pitung doso ewu (70.000) ingkang mlebet suwargo mawi tanpo hisab.
Setengahipun riwayat ; Kanjeng nabi Muhammad nyuwon tambahan dateng Allah taala. Lajeng dipun paringi tambahan, sak ben setunggal puniko dipun tambahi pitung doso ewu (70.000). Tegese 70.000 × 70.000 umatipun ingkang mlebet suwargo mawi tanpo hisab. Wallohu a'lam.
Barokallohu fiy kum...
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan