Kanjeng nabi dumugi langit Thofthof
Sak sampunipun saking langit sekawan cekap, lajeng kanjeng nabi minggah mi'raj malih dateng langit kaping gangsal yakni langit Thofthof (طفطاف), ing ngriku pikantuk pitaken saking moloikat ingkang jogo langit; lajeng dipun buka'ake lan dipun sambut kanti rerobo.
Sak sampunipun mlebet, dateng ngriku kepanggih nabi Harun ingkang jenggotipun wernine ketingal palihan antawis ingkang cemeng lan ingkang petak. Panjangipun nglembreh ngantos dumugi wudel.
Dateng ngriku dipun kepung deneng poro qoum bani Isroil, dene nabi harun pinarak kanti paring cariyos dateng qoumipun soho mau'idhoh.
Selajengipun Rosulullah ngaturi salam dateng nabi harun, lajeng dipun jawabi kanti ngendiko ; marhaban bil ibni sholih wa nabiyyi sholih, soho dunga'ake kesahenan dateng Rosulullah.
Kanjeng nabi tangklet dateng jibril; sinten puniko he jibril?; Pematuripun jibril ; piyantun puniko tiyang ingkang dipun remeni kalihan qoumipun. Inggih meniko Harun bin Imron alaihissalam.
Barokallohu fiykum .... panggih malih nggih... kulo gampang kangen kaleh model model ahli suwargo. Amiin.
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan