Assalamu'alaikum Sahabat beriman, Ushikum wa Nafsiy ; [1] Bertaqwalah kepada Allah. [2] Dia melihatmu setiap saat. [3] Laksanakan perintah-Nya. [4] Jauhi Larangan-Nya. Kita semua sama kok Cuma Calon Jenazah. Semuanya akan ditinggal kecuali Hasil Usaha Taqwa.

Kanjeng nabi dumugi wonten langit Roqi'

Sak sampunipun mi'roj saking lanngit sap siji, lanjut langit sap kalih, lajeng kanjeng Rosulullah mi'roj malih kalihan moloikat jibril dateng langit sap kaping tigo ingkang nami langit Roqi' (رقيع). Pramilo moloikat jibril mureh dipun bika'ake pintunipun. Ing ngriku wonten pitakenan saking moloikat ingkang jagi langit. sinten puniko?; jibril jawab; kulo moloikat jibril; kalih sinten?; wangsulipun jibril; kalihan kanjeng nabi Muhammad. Dipun tangkleti malih; punopo sampun pikantuk utusan?; jibril jawab; inggih. Lajeng disambut kanti ucapan ; marhaban bih wa ahlan ila akhir, kalih dunga'ake kanjeng nabi lan ngalem alem sarono dipun buka lawang langit ingkang kaping tigo. Lajeng kanjeng nabi mlebet.

Ing ngriku kanjeng nabi dumadaan pinanggih kalihan nabi yusuf kempal kalihan qoumipun. Lajeng kanjeng nabi ngaturi salam, lan ugi nabi yusuf ngaturi jawab kaliyan ngaturi sambetan; marhaban bil akhi sholih wannabiyi sholih, mawi dungaake kesahean. 

Ing ngriku kanjeng Rosulullah pirso bileh nabi yusuf puniko pinaringan sepalihe rupi ngganteng utowo rupi paling bagus-baguse perkawis ingkang dipun titahake Allah. Ngungkuli dateng poro menuso ingdalem bagusipun kadiyo rembulan tanggal purnomo, dipun bandingake kaliyan sedoyo lintang ingkang wonten langit.

Tegesipun kanjeng nabi yusuf puniko bagus kados bagusipun kanjeng nabi Muhammad. Nanging poro menuso boten saget ningali dateng kanjeng nabi Muhammad kanti sak sampurno sampurnonipun, keronten boten kiat. Pramilo boten wonten tiyang ingkang kenging fitnah saking bagusipun kanjeng nabi muhammad (tegese ora iso di padak padakno karo anu utowo anu). Dados saget dipun sebat sepalihe baguse nabi Muhammad. Lajeng kanjeng rosul tangklet dateng jibril; sinten puniko hei jibril?; dipun aturi pirso; puniko sederek panjenengan inggih puniko nabi yusuf alaihissalam.

Barokallohu fiy kum... poro generasi ahli syurga.


Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk