Assalamu'alaikum Sahabat beriman, Ushikum wa Nafsiy ; [1] Bertaqwalah kepada Allah. [2] Dia melihatmu setiap saat. [3] Laksanakan perintah-Nya. [4] Jauhi Larangan-Nya. Kita semua sama kok Cuma Calon Jenazah. Semuanya akan ditinggal kecuali Hasil Usaha Taqwa.

Kanjeng nabi mi'roj munggah dateng Sidrotul Muntaha

Sak sampunipun kanjeng Rosul dumugi langit sap kaping pitu, panggih kalihan Nabi Ibrohim ugi pirso pinten-pinten perkawis, lajeng dipun unggahake dateng Sidrotul Muntaha, inggih puniko panggenan tutuke punopo kemawon ingkang munggah saking bumi, lajeng kendel (liren). Lan ugi punopo kemawon ingkang mandap saking nginggil.

Sidrotul muntaha puniko wit-witan ingkang saking bunggelanipun puniko medal pinten pinten bengawan tuyo ingkang boten berubah lan ugi pinten pinten bengawan saking puwan ingkang boten berubah rahosipun ugi pinten pinten bengawan saking sajeng ingkang eco kangge ingkang sami nginum lan ugi bengawan saking madu ingkang bening. Dene ahup-ahup-ipun sidrotul muntaha puniko kangge melampah mawi kendaraan wekdal 70 tahun boten saget nempuh lan mutusake.

Dene buahe kados klenting wadah tuyo tiyang dusun hajar. Dene daunipun kados kuping gajah. Kados kados saget kangge nungkepi puniko umah.

Katerangake dateng setunggal riwayat ; setunggal godong saking sidrotul muntaha puniko saget ngahubi (ngiyupi) sedoyoning menuso. Dene sak ben godong setunggal wonten moloikatipun setunggal. Lajeng godong kolowahu ketutupan werni ingkang boten saget dipun mangertosi kados pundi werninipun jik ugi sampun ketungkepan kalihan punopo perkawis ingkang saking perintahipun Allah taala lajeng berubah.

Setengahipun riwayat ; saget malih arupi yakut lan zabarjad. Pramilo boten enten tiyang ingkang saget nyifati, keronten sahenipun godong puniko, lan dateng godong puniko wonten walang saking emas, ing ngriku, dateng bingkotipun sidrotul muntaha puniko wonten sekawan (4) bengawan ingkang, ingkang kalih bengawan batin tegese mili mlebet, ingkang kalihe malih bengawan dhohir tegese mili medal. 

Kanjeng nabi mundut pirso ; bengawan punopo mekaten puniko hei jibril?; pemature jibril ; wondene bengawan kalih ingkang batin puniko mili dateng suwargo, inggih puniko bengawan kautsar lan bengawan salsabil ingkang pang-pangipun rupi tuyo sajeng, powan, lan madu. Dene bengawan kalih ingkang dhohir puniko bengawan nil dateng negoro mesir lan bengawa furot (eufrat) dateng negoro iraq.

Winten setunggal riwayat ; bileh kanjeng rosulullah mirsani dateng moloikat jibril kanti terang miturut dateng rupi aslinipun jibril wonten ing sidrotul muntaha. Ing ngriku moloikat jibril kagungan suwiwi 600, ingkang suwiwi setunggalipun sampun katingal ngebak-i pejajahan, soho malih sakibg suwiwi puniko ngedalake perkawis ingkang bingungake penggalih. Arupi mutiara tuwen yaqut ingkang sekinten boten wonten ingkang ngudaneni kejawi Allah taala piyambak.

Barokallohu fiy kum... panggih malih nggih dateng mriki... 

Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk