Kanjeng nabi panggih nabi Musa
Arikolo kanjeng Rosulullah mlebet dateng langit sap nenem (Samsaq), kepanggih kalihan nabi Musa, Inggih puniko piyantun kakung ingkang putih kulit ipun, inggil dedek ipun kados dene piyantun kakung saking qobilah Syunu'ah, sehinggo upami ngangge busono rangkep kalih, rikmanipun temtu tasih saget nembus, jalaran saking qiyat ipun.
Kanjeng Rosul lajeng uluk salam lan ugi dijawabi kaliyan ngendiko ; marhaban bil ibni sholih wa nabiyyi sholih, lajeng ambiantu pandungo mugio kanjeng nabi Muhammad pinaringan kesahenan.
Nabi musa sak sampunipun kepanggih kanjeng rosulullah lajeng dawuhan; menuso podo nyono yen ingsun iku luwih mulyo-mulyone bani adam ono ing ngarsane Allah ta'ala, balik nabi Muhammad iku luwih mulyo ono ing ngarsane Allah ta'ala tinimbang ingsun. Pramilo sinareng kanjeng rosulullah sampun tindak lajeng nabi musa muwun. Ing ngriku dipun aturake; perkawis punopo ingkang dadosake panjenengan muwun?; nabi musa dawuh; ingsun nangis, jalaran ono bocah enom kang den utus deneng Allah sak ba'dane ingsun nanging umate kang mlebu suwargo luwih akeh katimbang umatku.
Wong wong bani Isro'il podo nyono, yen ingsun iku luwih mulyo-mulyone wong bani Adam ono ing ngarsane Allah taala, nanging nyatane umat ingsun iku kidik kang podo to'at lan umate kanjeng nabi Muhammad iku luwih akeh. Ing mongko nabi Muhammad iku wong lanang kang kalebu teda' turuni nabi Adam kan angganteni marang ingsun ono ing ngalam dunyo, dene ingsun wus ono ing ngalam akhirot. Kok upami nabi Muhammad iku wong lanang kang dewe'an temtune ingsun ora merduli. Nanging ora kang koyo mengkunu, jalaran bareng-bareng karo umate kang podo to'at akeh banget. Mulane ingsun kepincut banget.
Berbahagialah wahai Ummat Muhammad, ... barokallohu fiy kum... panggih malih nggih...
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan