Kanjeng nabi Panggih Nabiyullah Adam
Sak sampunipun kanjeng Rosulillah kalihan moloikat jibril mlebet langit pertama yakni langit dinah (ديناØ), ing ngriku kepanggih nabiyullah Adam alaihisalam, inggih puniko romonipun sedoyo menuso ingkang tingkahipun kados rupinipun suwahu arikolo nembe katitahake deneng Allah taala. Lan dateng ngriku nabi adam dipun periksaake dateng sedoyo ruhipun poro nabi tuwen putrowayahipun ingkang mukmin. Lajeng nabi adam dawuh; puniko ruh ingkang sahe pramilo kawulo aturi panjenengan dadosake wonten suwargo iliyyin. Selajengipun dipun periksaake dateng sedoyo ruhipun putrowayahipun ingkang sami kafir. Lajeng nabi adam dawuh; puniko ruh ingkang awon. Pramilo monggo panjenengan asto daten neroko sijjin. Soho malih nabi adam puniko mirsani dateng arah tengenipun wonten arupi cemeng-cemeng lan wonten pintu ingkang medal gondonipun anduk wangi, lan dateng sisih kiwonipun ugi wonten arupi cemeng cemeng lan wonten pintu ingkang medal gondonipun awon ingkang basin. Pramilo panjenenganipun menawi mirsani arah tengen lajeng anggujeng lan ngerahos bingah, nanging sak wak wangsulipun menawi mirsani arah kiwo lajeng ngerahos sisah lan muwun.
Denen ingkang katingal cemeng-cemeng puniko kempalipun arwah atawi matsalipun. Jalaran kanjeng rosulullah puniko saget mirsani alam matsal (alam ruh) mawi irodatipun Allah taala.
Lajeng kanjeng nabi uluk salam dateng nabi adam lan ugi dipu jawab; alaihissalam kalihan dipun tambah marhaban bil ibni sholih wa nabiyyi sholih, rosulullan mundut pirso dumateng moloikat jibril; sinten puniko he jibril?; pemature jibril ; puniko romo panjenengan, nabi adam. Wondene cemeng-cemeng puniko nyowonipun putrowayahipun nabi adam. Ingkang dateng arah tengen puniko ahli suwargo, lan ingkang dateng arah kiwo puniko ahli neroko. Pramilo nabi adam nalikane mirsani ingkang tengen ketingal anggujeng lan bungah, nanging menawi mirsani ingkang kiwo lajeng muwun lan prihatin. Wondene pintu ingknag dateng tengen puniko pintu suwargo panjenenganipun nabi adam menawi mirsani tiyang ingkang mlebet saking putrowayahipun inggih kujeng lang bungah. Dene pintu ingkang dateng kiwo puniko pintu neroko nabi adam menawi mirsani putrowayahipun mlebet inggih muwun lan prihatin.
Kiyahi kiyahi nalikone cerito ingdalem ceramah, paring gambaran wajahipun nabi adam wekdal puniko sebelah tengen senyum semringah sebelah kiwo nangis.
Sak sampunipun kepanggih kalihan nabiyullah Adam; sak lajengipun kanjeng Rosululloh mi'roj malih, nembe tindak minggah sekedap sampun kepanggih dateng qoum ingkang ahli mangan riba lan mangan artonipun lare yatim lan qoum ingkang zino. Soho pirso sikso sanes-sanesipun ingkang sami nandang sikso ingkang anggegirisi lan melasi kados tingkahipun tiyang ingkang dipun pirsani saklebetipun isro'.
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan