Kanjeng nabi panggih umatipun ugi sholat teng Baitul Makmur
Tasih teng langit sap 7 Ashafa'il, dateng ngriku kanjeng rosululloh kepanggih kalihan umatipun ingkang dados kalih golongan utowo kelompok.
Kelompok setunggal sami ngagem rasu'an werni petak bersih putih kados kertas. Dene kelompok kaping kalih sami ngagem rasu'an ungkang werni kelawu.
Lajeng kanjeng rosululloh mlebet dateng Baitul Makmur kalihan tiyang tiyang ingkang sami ngagem rasu'an petak bersih, dene ingkang sanes kolowahu sami ketutupan senahoso inggih tasih kelebet golongan ingkang sahe nanging boten dewekan mlebet baitul makmur, lajeng rosululloh solat sareng sareng ing lebetipun baitul makmur.
Sak lebetipun kanjeng rosululloh wonten ing baitul makmur puniko panjenenganipun pirso bileh baituk makmur puniko sakben dinten wonten moloikat 70.000 ingkang mlebet.
Ingkang akhiripun sami derek-ake miyosipun kanjeng Rosululloh sedoyo lan boten sami wangsul mlebet malih ngantos benjang dinten qiyamat.
Dene baitul makmur puniko panggenanipun pancar kalihan ka'bah (baitulloh al harom) ingkang sak upami wonten selo dipun glundungake saking baitul makmur temtu dumawahipun dateng ka'bah al musyarofah. Wekdal semanten puniko akhiripun moloikat medal saking baitul makmur boten bade wangsul malih ngantos benjang dinten qiyamat.
Miturut setunggaling riwayat, bilih kanjeng rosululloh dipun aturi unjuk-an dateng wadah tigang werni kados cariwis dateng Isro'ipun. Ing ngriku kanjeng rosululloh mundut wadah ingkang isi puan, pramilo dipun leresake moloikat jibril soho matur kados caeiwis rumiyin. Pemature moloikat jibril mekaten; unjuk-an puniko minongko fitrah keronten puan puniko pokok-ipun kedadosane menuso. Semanten ugi agomi Islam puniko agomi fitrah tegese agomi ingkang cocok lan manfaat dateng asal kedadosan menuso, pramilo dados tondone agomi ingkang kagem panjenengan lan umat panjenengan.
Barokallohu Fiy kum...
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan