Assalamu'alaikum Sahabat beriman, Ushikum wa Nafsiy ; [1] Bertaqwalah kepada Allah. [2] Dia melihatmu setiap saat. [3] Laksanakan perintah-Nya. [4] Jauhi Larangan-Nya. Kita semua sama kok Cuma Calon Jenazah. Semuanya akan ditinggal kecuali Hasil Usaha Taqwa.

Kanjeng nabi pinarak dateng Bengawan utowo Telogo

Sahabat pemahos SantriLampung ingkang dipun rahmati Allah; ing wekdal puniko kulo bade ngelajengake kisah perjalanan Mi'roj ipun kanjeng Nabi. 

Selajengipun kanjeng nabi tindak dateng pinggiranipun bengawan Al Kautsar sehinggo mlebet dateng suwargo, ing ngriku pirso sedoyo perkawis ingkang dereng nate wonten mripat ingkang sumerap lan talingo ingkang nate mireng. Soho boten nate karentek dateng penggalihipun menuso ( tegese perkoro sing ora iso dibayangne). Lajeng pirso tulisan wonten ing pintunipun suwargo, ungelipun; shodaqoh iku gabjarane tikel 10, dene ngutangi iku tikel wolu las.

Lajeng kanjeng rosulullah pitaken ; "He jibril kados punopo bileh ngutangi puniko langkung utami tinimbang shodaqoh ?,...

Pemature jibril; jalaran tiyang ingkang nyuwon puniko lumperahipun tasih purun nyuwun, ing mongko piyambak-e gadah-gadah. Dene dene tiyang ingkang utang puniko boten wontun utang kejawi keronten sanget betahake (butuhake).

Kanjeng nabi tindak malih, ing ngriku manggih bengawan saking powan (susu) ingkang boten berubah rahosipun lan wonten pinten pinten bengawan sakin sajeng ingkang eco kangge tiyang-tiyabg ingkang sami ngunjuk, soho pinten-pinten bengawan saking masu ingkang bening sanget. Soho teng ngriku enten pinten-pinten cungkup (vila) ingkang kedamel ngangge mutioro. Dateng suwargo ngriku buah delimanipun ageng sami kalihan timbo.

Setengahipun cariwis kanjeng rosulullah dawuh; dumadaan ono ing suwargo iku, oni woh delima kang gedine podo karo lulang unto kang kebak isine, dene manuk-e koyo unto bukhoti (unto kang puntuk loro), lajeng abu bakar tangklet; duh rosulullah sak estunipun inggih temtu bade dipun nikmatake, jawab Rosukullah; wus sak mestine mangan daging manuk suwargo iku luwih nikmat timbang daging manuk biasa. Lan insun arep arep mugo mugo sliramu biso milu dahar.

Soho malih kanjeng rosululloh manggih dateng bengawan kautsar ingkang dateng kiwo tengenipun wonten cungkup (vila) saking mutiara, dene endutipun suwargo puniko arupi minyak kasturi ingkang anduk sanget gondonipun.

Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk