Kanjeng nabi pirso rupa rupi qoum
Sak sampunipun nampi wasiat saking Nabi Ibrohim Al Kholil arupi ijazah kalimat dzikir damel nanem wit-witan teng suwargo, lajeng ing ngriku kanjeng Rosulullah pirso wonten caketipun nabi Ibrohim ketingal pinten pinten qoum ingkang putih wedononipun kados dene petak-ipun kertas lan ugi wonten qoum ingkang rupinipun campur kotoran dlemok-dlemok, lajeng sami sami jumeneng sami tumindak mlebet dateng bengawan saperlu sami adus. Sak sampunipun mentas rupinipun sarodi bersih. Lajeng mlebet malih dateng bengawan ingkang sanes ugi adus malih, selajeng mentas malih sampun ketingal bersih sekedik, lajeng mlebet malih dateng bengawan ingkang nomer tigo, sami adus malih sehinggo dados bersih rupinipun kados rencang-rencangipun ingkang putih bersih. Sak sampunipun mekaten lajeng sami datenge, derek pinarak-an sareng-sareng rencangipun.
Nungali perkawis meniko kanjeng Rosulullah mundut pirso ; He moloikat jibril sinten tiyang-tiyang ingkah sami putih wajahipun puniko?; lan sinten ingkang rupinipun bruntuk-bruntuk puniko?; lan puniko bengawan punopo?;
Pematuripun jibril ; tiyang-tiyang ingkang ketingal putih-putih kolowahu, tiyang mukmin ingkang boten pernah nyampuri imanipun kalihan ngamal penganingayan, dene tiyang tiyang ingkang belontang belonteng puniko qoum ingkang nyampur aduk ngamal sahe lan ngamal kang awon, lajeng sami tobat lan Allah nampi tobat ipun. Dene bengawan tigo puniko, setunggal bengawan rahmatipun gusti Allah; tegese tiyang ingkang pikantuk rohmatioun Allah saget ngelampahi tobat dateng Allah, kaping kalih bengawan nikmatulloh, tegese tiyang ingkang katerimo tobatipun puniko pikantuk nikmate Allah, lajeng bengawan ingkang kaping tigo bengawan saqohum robbahum syaroban tohuro, tegese tiyang ingkang pikantuk pengapuntenipun Allah puniko bade pikantuk pinten pinten nikmatipun omben-omben wonten suwargo.
Lajeng ing ngriku wonten pematur ; inggih mekaten puniko panggenan panjenengan soho panggenanipun umat panjenengan.
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan