Assalamu'alaikum Sahabat beriman, Ushikum wa Nafsiy ; [1] Bertaqwalah kepada Allah. [2] Dia melihatmu setiap saat. [3] Laksanakan perintah-Nya. [4] Jauhi Larangan-Nya. Kita semua sama kok Cuma Calon Jenazah. Semuanya akan ditinggal kecuali Hasil Usaha Taqwa.

Kanjeng nabi tasih ing dalem masjidil Aqsho

Sak sampunipun kanjeng nabi rampung ngimami sholat nalikane teng baitul maqdis utowo masjidil aqso; Lajeng sedoyo poro nabi puniko sami muji dateng Allah taala kaliyan pamuji ingkang bagus, milo kanjeng nabi dawuh; panjenengan sami muji ngalembono dateng pengeran, kawulo inggih bade muji dateng pengeran kawulo. Lajeng kanjeng nabi milahi dawuh; 

الحَمْدُلِلهِ الَّذِى اَرْسَلَنِي رَحْمَةً لِلعٰالَمِينَ وَكَآفَّةٍ لِلنَّاسِ بَشِيرًاوَنَذِيرًا. وَاَنْزِل عَلَيَ القُرْآنَ فِيهِ تِبْيَانٌ لِكُلِّ شَيْئ. وَجَعَلَ اُمَّتِي خَيْرَ اُمَّةٍ َاُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ. وَجَعَلَ اُمَّتِي وَسَطًا وَجَعَلَ اُمَّتِي هُمُ الاَوَّلُون وَالاَخِيرُونَ وَشَرَحَ لِى صَدْرِي وَوَضَعَ عَنِّي وِزْرِى وَرَفَعَ لِى ذِكْرِى وَجْعلَنِي فَاتِحًاخَاتِمًا.

Sedoyo puji kagunganipun Allah ingkang sampun ngutus dateng kawulo rahmatan lil alamin tegese melasi dateng alam sedoyo lan nyumrembehi sedoyoning menuso. Saperlu bebingah lan ngEngetake. Sohi gusti Allah taala sampun nurunake dateng kawulo kitab Al Qur'an ingkang wonten keteranganipun sedoyo perkawis. Lan gusti Allah sampun andadosake umat kawulo minongko paling bagusipun sedoyo umat ingkang dipun lahirake kangge poro menuso. Lan sampun andadosake umat kawulo umat ingkang sedengan lan dipun dadosake umat ingkang sami awal lan akhir sedoyo.  Lan ugi Allah taala sampun paring jembar dateng dodo kawulo lan sampun ngicalake duso saking kawulo lan dadosake dateng kawulo minongko nabi ingkang bika' lan ingkang nutup tegese nabi ingkang kawitan ugi nabi ingkang terakhir. 

Sak sampunipun kanjeng nabi Muhammad ngelahirake pamuji dateng Allah taala kanti dipun pidangetake deneng poro nabi kolowahu. Pramilo nabi Ibrohim lajeng ngendiko wonten ngersanipun poro nabi sedoyo mekaten; jalaran mekaten kolowahu nabi puniko ngungkuli dateng panjenengan sedoyo. Pramilo kanjeng nabi Muhammad puniko supados dados imam. Panjenengan sedoyo dados penganutipun lan minongko kalebet dados umatipun.

Barokallohu fiy kum ... panggih malih nggih... keronten tasih wonten deretan peristiwa nalikane kanjeng nabi tasih ing dalem masjidil Aqso ...

Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk