Rampung Isro' lajeng Rosulullah tindak Mi'raj
Pemahos SantriLampung ingkang dirahmati Allah; Sak sampunipun cekap acara Isro'ipun kanjeng Rosululloh saking masjidil harom dateng masjidil aqso utowo sakin mekah dateng baitul maqdis, pramilo ing ngriku dipun aturi ondo ingkang ondo puniko sampun kagina'ake ngunggahake dateng sedoyo ruhipun putrowayahipun nabi adam.
Ondo puniko sanget bagusipun, ingkang dereng nate wonten makhluq ingkang sumerap perkawis ingkang langkung sahe ngungkuli puniko ondo. Jalaran ondo puniko unda'-unda'ipun wonten ingkang saking seloko lan wonten ingkang saking emas, sarono dipun terutus mutioro. Dene ondo puniko mundut sakin suwargo dirdaus. Dateng kiwo tengenipun wonten pinten pinten moloikat.
Selajeng kanjeng Rosulillah minggah kalihan moloikat jibril sehinggo dumugi setunggaling pintu saking pintunipun langit dunyo ingkang kawestanan pintu hafadzoh (حفظة). Ingkang dateng ngriku wonten setunggaling moloikat ingkang asmonipun moloikat Ismail. Inggih puniko moloikat ingkang bagian anjogo langit dunyo. Selaminipun manggen dateng awang-awang boten nate minggah dateng langit lan ugi boten nate mandap dateng bumi sak lintunipun naliko dinten wafatipun kanjeng Rosulillah. Denen moloikat Ismail puniko ngepalani 70.000 moloikat ingkang sakben sakben setunggalipun kagungan bolo 70.000 moloikat.
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan