Assalamu'alaikum Sahabat beriman, Ushikum wa Nafsiy ; [1] Bertaqwalah kepada Allah. [2] Dia melihatmu setiap saat. [3] Laksanakan perintah-Nya. [4] Jauhi Larangan-Nya. Kita semua sama kok Cuma Calon Jenazah. Semuanya akan ditinggal kecuali Hasil Usaha Taqwa.

Sakbaripun nampi Perintah Sholat 50 waktu Rosul mandap

Sahabat pemahos SantriLampung ingkang dirahmati Allah; Sak sampunipun pikantuk pinten pinten dawuh saking gusti Allah Taala, lajeng megonipun sumela' saking kanjeng Rosulullah, lajeng astonipun dipun cepengi deneng moloikat jibril lan enggal enggal kundur, rawuh dateng ngarsane nabi Ibrohim, dateng ngriku nabi Ibrohim boten dawuh punopo punopo.

Selajengipun rawuh dateng ngarsane nabi musa, kanjeng nabi musa ambagi'ake mawi sambetan; wa ni'ma shohibu kagem panjenengan, lajeng tangklet; kerso punopo ya Muhammad?, dateng punopo pengeran panjenengan merdho'ake dateng panjenengan lan umat panjenengan?; dawuhipun Rosululloh ; gusti Allah merdho'ake dateng kawulo soho umat kawulo ngelampahi sholat seket wekdal saben sedinten sedalu. Wangsulanipun nabi musa; panjenengan kulo aturi wangsul dateng ngersanipun pengeran supados nyuwon keringanan saking panjenengan soho umat panjenengan, jalaran umat panjenengan puniko boten bade kiyat ngelampahi sholat seket wekdal, amergi kulo sampun nyobi dateng menuso sakderenge umat panjenengan, kawulo piyambak sampun nguji qoum bani isroil sarono sampun kawulo ramut sak estu-estu mawi aninda'ake ingkang langkung enteng sanget timbang puniko, namung ngelampahi sholat 2 rokaat saben wekdal injing lan sonten. ewo semonten tasih sami boten kiyat lan sami nilarake. Punopo malih umat panjenengan puniko langkung ringkih sedoyo jasadipun, badanipun soho manahipun, fikiranipun, peningalipun lan pangerungunipun.

Sak sampunipun dipun aturi nasihat deneng nabi Musa, lajeng kanjeng rosul noleh dateng moloikat jibril rembukan nyuwun pertimbangan. Lajeng moloikat jibril ngaturi isaroh; setuju bilih panjenengan ngersaake, sumonggo kulo aturi wangsul.

Lajeng kanjeng rosul enggal wangsul hinggo minggah malih dateng nginggile wit sidrotul muntaha, milo dipun kepung mego lan jubgkelake sirahe mawi sujud. Lajeng matur; duh pengeran kulo, kersoho panjenengan ngeringanake saking umat kawulo, jalaran umat kawulo puniko golongan ringkih-ringkihipun umat. Gusti Allah ngendiko ; Ingsun paring sudo limo (5), dadi patangpuluh limo (45) wektu sholat.

Singkat carito, Rosulullah di aturi nyuwon karinganan kalihan nabi musa dateng pengeran ngantos bola bali kaping songo, hinggo tinggal sisa limang wektu sholat, sampun ngoten tasih di aturi nyuwon keringanan malih kalihan nabi musa, nanging Rosulullah isin upami kedah minggah malih nyuwon keringanan.

Sak sampunipun negosiasi keringanan 50 wektu sholat ngantos dados gangsal wektu. Lajeng gusti Allah ngendiko; Hei Muhammad!; pemature rosulullah; Labaik wa Sa'daik (sendiko ngayahi tuan pangestunipun panjenengan tuan).

Dawuhipun gusti Allah; sholat kang Ingsun ferdho'ake iku namun limang sholatan sak ben sedino sewengi. Sak ben sak sholatan ganjarane tikel sepuluh. Mulo kabeh iku podo karo seket (50) sholatan.  Dene sospo wae kang duwe sejo amal bagus ing kunu ora sido dilakoni, moko dicatet oleh ganjaran amal kebagusan siji, dene lamun sido dilakoni, mongko oleh ganjaran tikel 10. Sebalik-e sopo wong kang duwe sejo amal kang olo, nanging ora sido dilakoni mongko ora bakal dicatet opo opo, dene lamun sido dilakoni mongko dicatet amal olo siji.

Barokallohu fiy kum...


Baca Juga yang ini ya :
Pasang Iklan

Mau donasi lewat mana?

BSI a.n. Kholil Khoirul Muluk
REK (7310986188)
Bantu SantriLampung berkembang. Ayo dukung dengan donasi. Klik tombol merah.
Alumni Universitas Islam Negeri Raden Intan Lampung - Blogger, Designer, Writer and Copy Creator.

Suratku untuk Tuhan - Wahai Dzat yang kasih sayangnya tiada tanding, rahmatilah tamu-tamuku disini. Sebab ia telah memuliakan risalah agama-Mu. Selengkapnya

Donasi

BANK BSI 7310986188
an.Kholil Khoirul Muluk