Kanjeng nabi pinarak sholat teng Baitul Lahmi
Sahabat santrilampung ingkang dipun rahmati Allah; ing wekdal puniko kulo bade ngelajengake malih kisah perjalanan kanjeng nabi nalikane Isro Mi'roj
Sak sampunipun pinarak sholat teng madyan ugi bukit tursina, kanjeng nabi nitih burok malih dumugi dateng setunggal bumi ingkang wonten ngriku saget mirsani panggung panggungipun (istana/gedong tingggi) tiyang negoro Syam. Lajeng moloikat jibril matur dateng kanjeng nabi ; kulo aturi kendel supados sholat dateng ngriki; pramilo kanjeng nabi liren mandap nindaake sholah kalih rokaat; lajeng nitih burok malih. Ing ngriku moloikat jibril tangklet dateng kanjeng nabi; punopo panjenengan perso dateng pundi panjenengan sholat kolowahu?; kanjeng nabi mangsuli; boteng ngertos; Moloikat jibril ngaturi perso panggenan sholat kolowahu inggih puniko Baitu Lahmi (betlehem) panggenan lahiripun Nabiyullah Isa alaihissalam putronipun siti maryam.
Malih malih kanjeng nabi hormat ugi tawadhu dateng keagunganipun gusti Allah kanti nindaake sholat kalih rokaat. Padahal ing puniko wekdal kewajiban sholat dereng dipun tampi.
Baitul Lahmi (atau Betlehem) adalah kota kuno di Palestina yang terkenal sebagai tempat kelahiran Nabi Isa dan tempat lahirnya Raja Daud bagi Yahudi, memiliki sejarah panjang sejak ribuan tahun SM, dikenal sebagai "Rumah Roti" (Bethlehem) atau "Rumah Daging" (Bayt Lahm), dan menjadi situs ziarah penting bagi umay Islam karena kunjungan Nabi Muhammad SAW.
Barokallohu fiy kum... panggih ing saklajengipun nggih ...
Kisah Baitu Lahmi
Arikolo Siti Maryam ngandut jabang bayi puniko qoumipun sami dalih lacur, jalaran ngandut boten mawi bapak, selajengipun qoum kolowahu niat ngancam bade mateni jabang bayinipun siti Maryam, bileh menawi sampun lahir. Pramilo siti maryam arikolo bade ngelahirake enggal enggal kesah medal saking negeri Syam perlu nyelametake jabang bayinipun, sehinggo dumugi panggenan wonten ngandapipun kurmo nenuwom dateng ngarsanipun Allah taala, lan akhiripun Alhamdulillah kanti cecepengan wit kurmo jabang bayi pinaringan lahir wilujeng. Ugi panjenenganipun maryam pikantuk uwoh kurmo ingkang rontok piyambak kangge daharan. Pramilo tanah puniko dipun arani Baitu Lahmi. Jalaran nabi Isa lahir dagingipun langsung dumawoh dateng tanah, keronten tanpo dukun ingkang nandangi lan tanpo kain kangge ngemuli. Sak sampunipun kepanggih qoumipun jabang bayi ngucap piyambak "Inniy Abdullah Aataniyal kitab waj'alniy nabiya ..." sak terusipun.
Mau donasi lewat mana?
REK (7310986188)

Gabung dalam percakapan